Biarkan air mata ini mengalir bersama dengan dosa-dosa yang teringat. Lelapkan semua kesemuan dunia yang hanya sementara. Bukalah sedikit matamu untuk melihat dunia yang abadi, telungkupkanlah tanganmu untuk memberi... Berikan senyummu agar orang lain merasakan kabahagiaanmu... mari lukis perasan hati mencintaiNya dengan keimanan dan ketakwaan. Bismillah...

Selasa, 15 November 2011

Nasib-nasib...

Dadi Tumbal....!!
Dening : Abu Majid  
  
   "Wis dadi nasib’e karyawan bawahan", asring banget aku krungu konco-konco podho ngendhikan. Koyo salah sawijining konco lawasku sebut wae Hardi, Sing dadi karyawan ing salah sawijining Perusahaan menengah ing kota Jakarta. Nadjan Hardi iku lulusan diploma, ning karono dhewek’e nglamar ing perusahaane nganggo ijasah SMA yo kudu nrimo yen sak suwen-suwen mung bakal dadi bawahan. Ojo kok Hardi sing nembe sewelas tahun kerjo, konco-konco senior sing wis likuran tahun makaryo wae yo mung tetep dadi bawahan. Yen di pikir sakjane yo kepinterane ora kalah karo karyawan liyo sing pendidikane D-III, lha wong menang pengalaman kok.
   Sêjatiné yo ora abót anggóne Hardi nindakaké pakaryan sing ono ing bagiane, ra maidho sebab nganti ganti atasan ping limo yo Hardi tetep bertahan ing bagian iki, malah-malah Hardi  ngerteni banget atasan sing endhi wae sing pancen mumpuni lan endhi wae sing mung enthuk jabatan karono “nasib’e” apik cedhak karo pejabat perusahaan. Nangíng piyé manèh, Hardi múng sakwijiníng bawahan síng kudu loyal marang atasan. Kamongko atasane yo wís nginstruksèkaké yèn kabeh gawean sing iso di tindhak’e, yo dirampungke wae. Lha, kepomo malah atasane ki ora ngerti gawean opo sing kudu tangani.Wis ngono kok yo kebangetan tenan, naliko penilaian karya iso-isone wenehi biji C marang Hardi. “Lha terus kudu kepiye supoyo diwenehi biji B, opo maneh sing kudu tak tindakake ?”, Ujare Hardi. Eling banget Hardi naliko sepisanan di timbali ing ruangane atasan anyar iku. ” Mas, kabeh gawean sing iso di kerjakake dirampungke wae yo, mengko yen ono masalah diaturke wae….” Ature Pak Sadewo, atasane Hardi naliko lagi wae njabat. Diaturke marang sopo ?, bathine Hardi ngglaes. Jebul temenan, yen Hardi nduweni masalah ( sejatine Hardi iso ngatasi dhewe), ilok-ilok di aturke marang mejone atasane, dienteni sedino rong ndino kepomo malah seminggu rong minggu ora ono omongan opo-opo,
 
   Pancèn iki konsêkuènsiné nduwèni jabatan síng ‘stratêgis’ koyo Hardi. Jabatan “pelaksana”, dadi kabeh kudu di lakoni, kudu di'laksanakan'. Yo pelaksana harian, yo pelaksana tugas, yo pelaksana-pelaksana liyane. Cekak’e siaga setiap saat nompo limpahan tugas. Wis ora kapetung driji ping piro Hardi dumadakan di telpon atasan sakperlu ngganteni meeting.
   Ora selak yen sakwisé Hardi pindah ing panggonane saiki, tansah luwih kroso cocok. Nalikane biyen di tawari mutasi dening kancane, Hardi yo setuju-setuju wae. Najan  dhewe’e ora ono masalah karo gawean nanging Hardi rumongso yen bakal iso makaryo ing panggonan sing pas karo ilmu sing di kuasai rasane kok yo luwih sreg ngono. Dadi yo sakjane pancen koyo unen-unen “tumbu ketemu tutup”.
Nangíng yèn ono pêrkoro síng koyo sing tak critake ing ngarep, Hardi ugo kudu wani ndhadhagi dhewe. Hardi kudu wani mutuske dhewe.Awít yèn ora, biso dipêsthèkké yèn masalah-masalah kerjaan kuwi ibarat boomerang, bakal ngantem awak’e dhewe.Mulo, nadjan kadang-kadang nggrundel, Hardi yo kudu nuntaske gaweane dhewe.
"Wís lah Mas, ora sah dipikirké abót-abót. Targete sing penting gawean rampung pas titi wancine wae, mengko yen ono permasalahan yo di adhepi bebarengan, sing penting  sampeyan ndukung data sing valid…”, ature atasan sing luwih dhuwur, piyambake pancen ngerti banget  sopo lan koyongopo sing dadi atasane Hardi langsung. Isone mung ngerti beres wae. Malah naliko ing meeting nate disinggung liyan,” Nek melu meeting yo ojo mung njanggleng, mbok yo’o wenehi usulan, ora mung idem terus..”.

“Prahoro iku muncul kiro-kiro setengah tahun kepungkur”, critane Hardi marang aku.
Ing salah sawijining dino, atasane Hardi kang aran Pak Sudewo dumadakan nimbali Hardi ning ruangane. “ Mas Har, piye penawaranku telung ndino kepungkur, wis dipikirke ?” ature Pak Dewo ndedes marang Hardi. Hardi isih bimbang, dhewek’e kuatir yen jawabane ora mranani marang penggalihe Pak Dewo. Pak Dewo jumangkah nyedaki Hardi. “Síng pêntíng kowé biso ngolah ongko-ongko iku kanthi layak.Iki proyek besar, dadi ora ketoro yen manipulasi sedikit.Masalah liyané mêngko aku síng ngatúr," sêsambungé Pak Dewo sinambi ngêpúk-êpúk pundhak’e Hardi.
“Kulo..kulo tasih bimbang Pak..” dumadakan hardi dadi deg-degan
"Lha piyé kiro-kiro? opo Mas Hardi kabótan? Soalé Dik Sandy wingi ugo nawakaké arêp nggarap proyèk iki,lho" ujaré Pak Dewo koyo ngêrti kêmrusuhing dadane Hardi.
"Oh, mbotên Pak. Kulo taksíh sagah ngayahi piyambak," ujarku gurawalan.
"Bagus! yo ngono iku síng tak karêpké. Yèn pancèn sampeyan sê-visi karo aku, mêsthi aku ora bakal ngalang-alangi awakmu mas. Wís sak iki rampúngna aku péngín Minggu ngarêp wís rampúng. Sanggúp tho?"."Sêndikå Pak," jawabe Hardi karo manthúk-manthúk.
Hardi énggal-énggal ninggalaké ruang kêrjané Pak Dewo.Nganti awan wayah istirahat makan siang Hardi ora iso konsentrasi marang kerjaane, pikirane bingung. Sakjane dhewek’e ora iso nompo gawean sing resikone gede banget, KUNJARAN. Nanging dhewek’e yo wis di ancem dening Pak Dewo,” Yen kowe satu Visi karo aku, aku bakal ora ngalang-alangi kariermu”, piwucape Pak Dewo tansah ngiang-ngiang ing kupinge Hardi. "Nèk masalah ongko gampang diowahi, Mas. Múng síng dadi masalah iki tanggúng jawabé abót awít nyangkút dana síng ora sêthitík," ujaré Santoso, rikolo awan kuwi podho makan siang ing kantin..
"Nangíng têrús piyé Dhík? Bósku wís nêtêpké kudu biso. Yèn ora aku kudu siap ninggalké kantór iki," semaure Hardi. Santoso  manthúk-manthúk karo ngelus-elus jenggote sing ketel, sajak melu mikir tenan..
"Yo wís, arêp piyé manèh. Mbók mênowo iki pancèn résiko pêkêrjaan. Resiko pilihan mas Hardi, dadi mas Hardi kudu siap," sambungé santoso, konco sing banget raket karo Hardi.
                                                   ***
   Perkoro iki pancèn  dudu masalah síng ènthèng, awít proyèk iki gunggungé mílyaran rupiah.Ongko sing kudu di-mark up yo ngedap-edapi. Nangíng piyé manèh. Hardi múng bawahan kudu loyal mênyang atasan. Awít yèn ora biso-biso ancamane Pak Dewo bakal kasunyatan, terus kepiye nasib keluargane. Kamongko kabeh wong ngêrti dhéwé kanggo ningkataké karir íng kantór ora barang síng gampang.
Awít mèh sewelas tahún anggóne Hardi bêrjuang ngrintís karir, nganti sak iki isih dadi pelaksana senior ing kantóre. Yo piye maneh, koyo-koyo karier ki mung dhuwek’e poro sarjana, kerjo lagi telung tahun wis dadi Kasi, kerjo limang tahun njur dadi Kabag. Nasib’e pelaksana yo mung ngenteni Ndok Blorok paribasane. Yen Ndok’e ora Blorok yo nganti pensiun tetep pelaksana.

"Durúng saré, Mas?, ono opo kok katon gelisah tenan.wiwit mau tak sawang mas Hardi unjal ambegan sing dowo" pitakone Vira, sisihane Hardi

Ora sadar yèn wêktu iki Hardi nêdhêng ngalamún nèng têras mburi. "Durúng ngantúk, Dhik?" sêmaure Hardi karo nyumêt rókók êmbúh wus síng kaping piro. "Sajaké ono masalah nèng kantór?" Bedhek’e Vira síng wís apal lagónane Hardi.
Sabên ono masalah mêsthi tangkêpe dadi séjé karo padatan.Hardi múng manthúk alon. Vira lunggúh íng sandhínge. Yen wís ngono biasané Hardi nuli crito  marang dhèwèké. Pancèn sak suwéné iki sisihane síng dadi sparing partner, mecahake kabeh masalah sing di adhepi.
Vira pancen sisihan síng istiméwa, sênadyan múng ibu rumah tangga, nangíng otakké ora kalah karo wanita karir. Ora nggumúnaké wong sêjatiné Vira lulusan sarjana muda lan nate kerjo ing perusahaan ugo. Múng amargo Vira kepingin anak-anake tumbuh ing pengasuhane, mulo dhewek’e lilo ninggalke pekerjaane. Yo pancen tenan, anak-anak’e biso kopèn.
                                                      ***
   " Buah simalakama Mas, abót posisi panjênêngan, Awít iki diléma.Yèn njênêngan wêgah, mêsthi bakal dilórót. Nangíng yèn pênjênêngan tindakké, abót résikoné," komêntaré Vira sak wisé miring critane Hardi.
"Ya kuwi síng gawé bingúngku. Lha trús aku kudu piyé?" ." Yen ngono pasrahke marang Gusti Alloh. Mas Har pun sholat, yen durung enggal sholat, nyoba nyuwún tuntunan Gusti Allah, sopo ngêrti mêngko njênêngan olèh pêpadhang," ujaré Vira .
Hardi manthúk-manthúk têrus  menyat  tumuju kamar mandhi sak perlu njupúk banyu wudu kanggo ngrêsiki badan. Vira ngetutke ing mburi.
Sak jroning sholat Hardi ora biso khusuk, dirasak’ake  koyo ngopo jumbal-jumbulé wêwayangan ing alam pikirane. Sênadyan tak cobo nyilêmaké wêwayangan iku nanging kroso angèl bangêt.
Sabên-sabên wêwayangané Pak Sadewo kanthi polatan nêsu ngulataké Hardi. Gonta-ganti karo lapuran proyèk síng kudu di gawé. Têrús nglambrang manèh wêwayangan dhewek’e dipêcat déníng atasan. Terus ono bayangan KPK, polisi lan kunjoro.
“Ésúk iku Sandy têko íng mejoku karo mènèhaké layang kanggo aku. Tak bukak, jebul Note seko Pak Sadewo sing isine supoyo aku mènèhaké proyèk iku marang Dik Sandy” Critane Hardi rikolo iku.
"Sorry lho Mas, aku múng nindakaké dhawúh," ujaré Sandy katón pêkéwúh karo Hardi.
"Ora opo-opo, Dhík. Mbók mênowo kowé luwíh cocok nangani proyek iki timbang aku," ujar Hardi karo mènèhaké bêrkas-bêrkas administrasi proyèk.
Sênadyan ono kang kóbóng íng dhodho Hardi, nangíng sak isone Hardi cobå mêkak hardaníng kanêpsón.
Mugo-mugo waé Gusti Allah tansah mènèhi kêsabaran marang aku”, Bathine Hardi keronto-ronto. Awít sopo wóngé síng ora loro ati, yèn nèng têngah dalan gawéyané dipasrahké wóng liyo. Mokal yen ora kasoran, Pak Dewo pancèn kêbangêtên.Mboh opo sing ono ing pikirane sahinggo tego marang anak buahé.
Awan iku Hardi milíh mulíh gasik, awít yèn ditêrús-têrúské nèng kantór bisa-bisa malah  dhéwé'e síng ora kuwat.
                                                         ***
  Hardi wís ngrumangsani lan pasrah marang sing gawe urip, yèn karire mbók mênowo bakal mandheg ing kene. Awít wêktu iki Pak Dewo, ora gêlêm nyapa arúh marang dhewek’e. Sabên-sabên dhèwèké butúh, mêsthi Sandy síng diundang ono kantór.
Hardi rumongso korban pangroso temenan. Awít sopo wóngé síng kuwat dipêrlakukan koyo mangkono. Nangíng Hardi sepisan meneh nyoba sabar. Karo íng batin tansah ndêdongo, mugo-mugo Pak Dewo diapuro dosané déníng Gusti Allah, sarto dibukakaké atiné supoyo ora bangêt-bangêt anggóné nindes bawahan.

    Let pirang wulan sak wise, ono ing sak wijiníng wêktu sopo síng bakal ngiro, yèn kantóre Hardi ditêkani polisi pirang-pirang. Wiwitané ruang Hardi síng diprikso, barêng ora ono têrús ruangé Kêpala Kantór bubar kuwi têrús  ono sawijining polisi  nyêrahaké surat marang Pak Sadewo. Pak Sadewo diglandhang déníng pêtugas kêpolisian iku. Awít disinyalír dhèwèké wís mark up dhuwít proyèk nganti milyaran. Ora múng Pak Dewo dhéwé, kêlêbu  Sandy síng kumawani nglancangi gawéyan sing nembe ditangani Hardi. Dhewek’e kudu dadi saksi ing masalah iki.

Lan wís biso diwoco, íng ngêndi papan Kêpala iku ora tahu salah. Síng salah mêsthi bawahan. Awít ora gantalan suwé Pak Sadewo wís mêtu soko kantór polisi. Déné Sandy malah ditêtêpké dadi têrsangka. Sandy wís dadi tumbal marang proyek iku, awít dhèwèké kudu mikúl dosané atasane. Wondene Pak Sadewo múng cukúp dimutasi íng kantor cabang liyo.
"Bêgjo mu yo Mas. Untungé nolak opo dhawuhé bós mbiyèn," ujaré Vira karo ngrangkúl bojone lan nangís sesenggukan.
"Gústi isíh njampangi awakku, Dhik. Lan kabèh mau uga ora uwal soko dukunganmu," Hardi ugo melu mrebes mili..................................( Abu Majid)