Biarkan air mata ini mengalir bersama dengan dosa-dosa yang teringat. Lelapkan semua kesemuan dunia yang hanya sementara. Bukalah sedikit matamu untuk melihat dunia yang abadi, telungkupkanlah tanganmu untuk memberi... Berikan senyummu agar orang lain merasakan kabahagiaanmu... mari lukis perasan hati mencintaiNya dengan keimanan dan ketakwaan. Bismillah...

Kamis, 05 April 2012

Pak Guru.....


Pak Guru-------------

Dening : Abu Majid

Awan iki hawane panas ora karuan, srengenge sumorot tanpo aling-aling mego, panase ngedhap-edhapi tenan.Sajak e ing kutho wates iki  wis meh musim kemarau.Tanganku sing tengen wiwit mau wis nempel ing nduwure alis ngaling-alingi blerenge srengenge . Aku mandeg sedhelo sinambi tingak- tinguk kiwo tengen, mbok menowo ono tukang becak kang lagi golek penumpang. Ndilalah panase koyo ngene kok yo ora ono sak sliweran tukang becak liwat.
   Alon-alon aku mlaku meneh sinanbi ngelap eluh sing pating dlewer koyo grimis. Aku neruske laku pinuju pojokan terminal bis sing katon rodho lengang . Sinambi ngenteni bis, sauntoro calon penumpang podho keleleran ing jubin sing kroso anyes.
  “Mas, becak mas….”Seko kadohan katon sawijining tukang becak ing ngarep warung ngawe-awe marang aku. Aku nuli nyedak marang dhewek e kang nembe markir becake. Seko njeroning warung, siji-loro wong metu sinambi nggowo gelas kopi pinuju pos ing sebelahe warung.
“ Mbecak Mas, monggo dateng pundhi kulo derek aken….?” Tukang becak ing ngarep warung kuwi mbaleni nawarke jasa marang aku. “Kulo tak nitip tas rumiyen nggih Pak, ajeng ngaso sekedap.Wah panase jan ngedhap-edhapi nggih”, kondhoku karo ndeleh ake tas sing wiwit mau tak gendong .Isine ora sepiro, lha wong mung kanggo cangkingan wae kok.
”Inggih Mas, pun pinten-pinten dinten mboten jawah, njalari hawane garing…” jawabe tukang becak iku aweh kaweruh .
“Lho Pak, meniko kok wonten tas sekolah, menopo wonten penumpang ingkang ketinggalan tase, Pak..?.Pitakonku marang tukang becak sing katon rodho  klimis iku.” Oo..mboten Mas, meniko tase bocah-bocah”, sumaure tukang becak karo mesem. “Wahh Mas, Bapak niki asmane Pak Guru Salamun, kompletipun Pak dokterandus Salamun “. Tukang becak liyan sing nembe lunggúh ongkang-ongkang ånå lincak ing ngarep warung melu nyauti. Sing disebut Pak Guru Salamun iku mung mesem sajak rodo isin. “ Ooo..mekaten..” aku manthuk-manthuk. “Guru ning nyambi mbecak” bathinku. "Opo bayarane Guru iku ora cukup kanggo urep ing Jogja sing kondhang sak antero jagad yen opo-opo murah.”. Aku banjur mlebu lan melu lungguhan ono ing lincak sing ora pati jembar kuwi. “ Kulo tak nunut lungguh rumiyin nggih Pak, Wah jan panas banget nggih”.kondhoku njaluk idin marang Bapak-bapak tukang becak sing lagi wédangan kopi.
” Ses, Mas..”Salah sawijining tukang becak nawari rokok marang aku. ”Maturnuwun Pak, kulo mboten merokok” sumaurku kanthi sopan.”Lha nanging ten riki kathah luk udud ipun rencang-rencang je, mboten nopo-nopo tho?” .” Ohh..mboten menopo, monggo sekecak aken …”kondhoku ."Sês, Pak Guru!?" Tukang becak kang aran Pak Narto iku genti nawari Pak salamun sing isih ngelus-elus becak e.
"Matúr nuwún! Aku nggåwå, lha iki!" sêmauré Pak Salamun karo ngrógóh kanthóng ngêtókaké rókóké.
Pak Narto durúng sêmpat lunggúh naliko dumadak an ånå swårå rådå banter seko njobo pos. “ Pak Guru, kulo di dugek aken nggih, kosong tho Pak ?” Katon ibu-ibu nggendong tenggok sajak kebak dagangan.” Wah..nyuwun sewu Yu, niki Mas e ajeng mbecak je, Dik Narto mawon nganggur”. Sumaure Pak Guru Salamun sopan."Ayo Dhík Narto, gèk ndang ditêrké. Wís kawanan jé...! Mau tanginé kêrinan, mêngko ibu-ibu sêlak ngêntèni."
Tanpå ngucap Pak Narto mak klepat têrús nyandhak tenggok e ibu-ibu kuwi, sajak pancen wis langganan poro tukang becak ing pos iku. Tenggok banjur di unggahke ing sisih kiwo, lan ibu-ibu iku lungguh ing sisih tengene. Pak Narto banjur ngayuh becak e, nggendring têrús bablas. Ninggalké kanca-kancane sing isih nunggu langganane. Gandeng wis sauntoro lan wis rodho isis, aku ugo gage-gage pamitan lan metu seko pos banjur nyedhaki Pak Guru, tukang becak sing saguh ngeterke aku.” Monggo Pak Guru, kulo pun radhi ilang kesele” aturku.” Wahh ..Mas, kok Pak guru tho, kulo dadi isin je, rencang-rencang niku pancen terkadang nggoda kulo..”sumaure Pak Salamun sinambi muter becak e.”Ohh inggih..badhe tindhak pundi Mas…”pitakone Pak Salamun, rumongso durung ngerti tujuanku.” Ten ATM Mandiri Pak, ingkang paling celak pundhi nggih?” aku ganthi takon .”Monggo minggah mawon, mangke kulo derek aken ten Pro liman mawon”.

Becak e Pak Guru Salamun dipedhal alon-alon, angin semilir seko arah tengen kroso mak nyess, panase srengenge kroso sudho.

Aku kelingan ucapane tukang becak kanga aran Pak Narto ing pos mau, sajak Pak Salamun iki pancen Guru tenanan, sebab  tukang becak liyane katon tansah hormat banget marang Pak Salamun.” Lho Pak Salamun ngasto wonten pundhi kok jam semanten sampun mbecak ?”pitakonku rodho penasaran. “Kulo ngajar bocah-bocah ing SMP Kedung sari Mas, biasanipun kulo mbecak sak sampunipun bubar sekolah, namung sak meniko rak nembe  bar THB, dados bocah-bocah sami prei, milo kulo saget mbecak wiwit enjing” sumaure Pak Salamun sinambi ngayuh becak e. Pak Salamun cerito akeh babagan mulo sebabe piyambak e mbecak. Aku yo ugo rodho seneng di jak cerito ngalor-ngidul. Jebul miturut ceritane Pak Salamun, dhewek e pancen nyandang gelar Dokterandus, sarjana matematika lulusan IKIP Jogja tahun 80-an, sing saiki ganti jeneng dadi UNY. Ceritane Pak Guru salamun iki menarik banget, nggugah jiwa jurnalis ing awak ku, mulo aku gage-gage matur marang Pak Salamun” Pak salamun, muter mawon saget mboten Pak, kulo kok dumadakan mawon kepingin keliling-keliling rumiyen. Kulo sampun nem taun mboten mlampah-mlampah mriki.” Kondoku rodho goroh.”Lajeng leh ten ATM pripun Mas..?”sumaure Pak salamun ngelingake.” Gampil Pak, mangke mawon..” sumaurku .
Pak Salamun muter becak e arah kiwo pinuju pinggiran kutho Wates sebelah wetan. Dalan aspalan iku rodho sepi, sajak liburan sekolah pancen ndadek ake dalan-dalan wates utowo jogja umume rodho sepi. Sebab yen wayah sekolah, wayah esuk utowo wayah bubaran sekolah dalan-dalan dikebaki bocah bocah sing nyedhaki ongko wolung puluh persen numpak sepeda onthel menyang sekolah. Kepomo malah separo dalan duwek e bocah-bacah mau.” Nun inggih Mas, panjenengan saking pundhi tho, kok sajak familier kalih daerah mriki”.Pitakone Pak Salamun ngaget ake lamunanku.” Kulo aslinipun saking daerah mriki ugi Pak, namung pun sewelas taun glidik wonten Kalimantan.” Kondhoku njelas ake.”Ohh..lha Kalimantan sisih pundhi Mas..?” Ganti pak salamun sing sajak rodho penasaran.” Ten mBontang Pak, Kalimantan Timur”aturku maneh.”Nek kalian balikpapan celak menopo tasih tebih Mas”. Pitakone Pak Salamun maneh.”Saking balikpapan tasih nem jam jalan darat Pak” kondhoku .” Ooo…mekaten”. Najan aku ora weruh, ning aku ngerti yen Pak Salamun manggut-manggut. Mboh manggut karono dong utowo tambah bingung.
“ Pak Salamun sampun pinten tahun mbecak Pak....nyuwun sewu niki, menopo mboten isin kalian rekan sejawat utawi kalian murid-murid.”pitakonku rodho was-was, mengko gek-gek Pak Salamun kesinggung.”Ha..ha.., Isin nggih mboten tho Mas, mulanipun rencang-rencang nggih sami paring kaweruh. Menopo mboten wonten pekerjaan sambilan liyanipun kejobo mbecak..?,Lha pripun. Becak niki warisan saking Bapak, Wasiat ipun swargi Bapak supados becak niki di rumat, soalipun anggen kulo dados guru niku nggih saking Bapak Mbecak meniko”.Pak Salamun crito tanpo tedeng aling-aling.”Menawi murid-murid nggih sami sampun ngertos, lha kadang-kadang menawi pas mbecak terus wonten murid sing ajeng mbecak nggih kulo dugek aken, malah kulo gratisi Mas..ha..ha..”ature Pak Salamun karo roso bangga.
Aku banjur  kèlingan limolas tahún kêpungkúr. Rikålå isíh kuliah.”Jenenge anakke wong ndeso ki yo ojo ngowah-owahi adhat. Ojo dumeh mahasiswa njur ora gelem mbantu wong tuo ..”mangkono ature salah sawijining kangmasku, putrane pakDhe kang ngasto dadi Kepala Sekolah ing kabupaten. Mulo aku yo terbiasa, yen esuk sak durunge budhal kuliah mbantu bapak nggarap sawah .Yo ndaut uritan, yo nandur pari, lan sak liyane. Kabèh ndak lakóni kanti sênêng. Amargå duwé gêgayuhan lan pêngarêp-arêp, mêngko nèk wís nyandhang gêlar sarjana mêsti uripé bakal ånå owah-owahan, dadi wóng síng kajèn kéringan dadi pégawai. Alhamdulillah amargå têkún anggonku sinau, aku iso lulus kanthi nilai kang mbangga ake, malah dadi wisudawan terbaik barang.
 Ewo semono aku yo kudu kuciwo, amergo gegayuhanku dadi pegawai negeri koyo kabeh kangmas lan mbak-mbakku ora kejangkah. Ndilalah naliko ono pendaftaran Pegawai negeri, melu sepisan wae oran ketompo. Amongko, naliko test kabeh soal iso dijawab kanthi bener rumangsaku. Mangkat tèstíng kanti gagah sêmangat êmpat lima. Yakin mêsti iså nggarap kabèh.... Têrús tèstíng diwiwiti. Kabèh soal iså dijawab ora ono sing keri, kari nunggu pêngumuman.... Ditåmpå, têrús dadi Calón Pégawai Nêgêri Sipil alias CPNS. Sak wisé têlúng minggu, dinå pêngumuman têkå, têrús mangkat niliki pêngumuman pênêrimaan CPNS. Diatúraké nomêr-nomêr síng ditåmpå, nangíng nomêrku kelompatan.... ora ånå. Ndak ucek-ucek motoku, mbok menowo kurang premono lehku moco, nanging tetep wae nomerku ora ono. Awakku lemes koyo tanpo balungan.

Mbaleni marang Pak Guru Salamun. Jare, Jan jane mono Pak Salamun ugo rodo risi naliko konco-konco mbecak podho guyonan nyebut “Pak Guru”, malah kadang guyonan setengah nyindir.
"Pak guru ki pripun tho, kok ora nguman umani. Rêjêki kanggo kancané síng ora duwé gawéan yó... mèlu diarah, lawóng wís digaji gêdhé...préi dibayar. Lha kók sêmpat-sêmpaté mbecak barang. Åpå ora isín nèk kêtêmu muríd-muríd nèng ndalan?" sindhirané tukang becak liyane karo guyónan.
"Ora orané..., rêzêki sing ngatúr Gústi Allah..., rêzêki ora mungkín klèru!" sémauré Parjó sak kêcêkêlé.
"Wah nèk ngono kuwi kétók GURU-ne.., malah koyo ustadz…." suarané kåncå-kancané karo pådhå ngguyu barêng.
Sêbutan Pak Guru rikålå mbecak  janjané rasané risi, níng suwé-suwé sindhirané kåncå-kancané ora dirasakké. Miturút Pak salamun nbecak kuwi pêkêrjaan halal lan ora ngrugèkaké liyan.

Ora kroso jebul wis sauntoro becak e Pak Salamun ngiteri sisih Wetan kutho Wates, naliko becak arep mbelok mlebu ing komplek perkantoran pemerintah, dumadakan Pak Salamun ngendek ake becake. Aku ugo rodho kaget wondene ono penyawangan sing ora biasa ing ngarepku,ing pelataran kantor sing paling gede iku akeh banget wong kang lagi ngumpul, sorak-sorak karo kiwo tengene kemebul luk sing warnane ireng banget. DEMO..!!, iyo..rumangsaku iki nembe ono demo.”Pak Salamun, kadhosipun nembe wonten demo nggih…?”pitakonku marang Pak Salamun kang wiwit mau mung meneng wae.” Leres Mas, lha niko, mergi sebelah lor niko malah kadhosipun di blokir.”Pak Salamun mancal pedhal becak e alon-alon, rendet banget. Sajak isih bingung arep milih dalan sing endhi. Sansoyo cedhak seko panggonan kang kebhak wong iku, sansoyo jelas minongko sing demo iku ora mung nom-noman, wong tuwek-tuwek kepomo malah bocah-bocah yo podho melu demo.” Kami atas nama masyarakat pedesaan menolak rencana pemerintah menaikkan BBM….” Suarane nom-noman kang lagi orasi iku jelas banget.
Dumadakan seko arah mburi becak mak sliwer bocah-bocah tanggung pinuju papan demo. Bocah-bocah kang cacahe limo iku mlaku riket banget malah setengah mlayu..

“Firman,Hendro, mrene-mrene….” Ature Pak Salamun mrintah marah bocah-bocah tanggung sing liwat kiro-kiro wis sepuluh meter seko becake Pak Salamun.Bocah –bocah  kuwi podho mandhek lan noleh, sajak rodho kaget minongko ono wong kang ngenali. Malah sansoyo kaget naliko mersani Pak Salamun, terus nyedhaki papan becake Pak Salamun.” Sugeng enjang Pak Guru, lha kok Pak Guru wonten mriki tho, tumut demo nopo…?”pitakone bocah sing rodho gede tinimbang liyane.” Trembelane….wong lagi mbecak golek dhuwit kok dikiro melu demo, lha kowe kabeh podho ngopo ning kene, raine podho pating cloneh, ndase di taleni…malah koyo rampok”.Pak Salamun nyecer pitakon marang murid-murid te.”Niki kulo, Firman, Ridho lan Poncho diajak mas Bayu , Demo menolak kenaikan BBM…”ature bocah liyane.”Blaik ane, ora sah melu demo, bene kangmas-kangmasmu mahasiswa sing podho demo,saiki podho mulih, sinau….”sepisan maneh Pak Guru Salamun aweh printah marang murid te.” Lha rak nembe bar THB tho Pak Guru, mosok belajar malih…dolan ipun kapan?” sumaure bocah-bocah kuwi serempak.”Kok malah mikir dolan barang, tinimbang melu demo sing ora jelas, aluwung ngemong adhi-adhimu ning ngomah…”Pak Salamun mrentah kaping telune. Bocah-bocah kuwi banjur manut, klunthah-klunthuh mbalek pinuju arah tekone mau.

 “ Den..nyuwun paring-paring den…sak iklasipun….”.Mak jenggirat, aku kaget naliko dumadakan ing sisih tengenku ono nini-nini kang ngulurake tangane nyadhong marang aku. Suarane melas banget, sandangane kebak tambalan. Rigmane sing wis putih kabeh tansoyo kalis kepanggang panase srengenge. Gusti..njur podho ning ngendhi anak putune kok nganti nelantar ake biyunge.
Aku njenggelek tangi seko panglamunanku naliko krungu ature Pak Salamun,”Mbah niki wonten arto sekedik saget kangge tumbas sarapan” Pak Salamun ngulungake duit sepuluh ewunan. Aku ugo gage-gage ngrogoh dompet lan ngulungake sak lembar rongpuluan. Ora karono opo-opo, ananging kahanane nini-nini kuwi pancen melas banget.Nini-nini kuwi kathon sumringah, atine seneng banget, sak wise ndedonga kanggo aku lan Pak Salamun, banjur neruske laku pinuju pasar wates.

Paribasan “Kencono Katon Wingko”, sajak e pas banget nggambarake pribadine Pak Salamun, kang lembah manah, ora dhumeh. Kang iso nepakake ing papan ngendhi kudu nganggo title sarjanane, lan ing papan ngendhi title kuwi ditinggal ake.
Yen nyawang dedeg pengadegke Pak Salamun naliko mbecak, pancen ora ono kang bakal ngiro yen pak Salamun iku sejatine Guru. Kang kasebut pungkasan kalebu pakaryan kang ing ndeso banget mulyane, nduweni derajat kang dhuwur lan banget kinormatan.
Nanging yen disawang kanthi setiti, pancen ono sing mbedak ake antarane Pak Salamun tinimbang kanca-kancane tukang becak. Pak Salamun iku ulate tansah semanak, ora ketok ngoyo, kulite resik la ature tansah ngguroni, kebak piwulang lan kaweruh.
 
“Doorrr…dooorrrr……”. Dumadakan wong-wong kang podho demo kuwi podho bubar mlayu sak karepe dhewe, golek selamet dhewe-dhewe menyang papan kang dianggep aman. Ono sing mlayu ngetan, ono sing mlayu ngalor Aku lan Pak Salamun kang rodho adoh seko panggonan demo iku ugo kaget ora mangerteni opo sejatine kang nyebab ake wong-wong podho bubar sipat kuping.Aku mung ngiro-iro, koyo-koyone dar-dor mau suoro letusan tembakan peringatan seko Pak Polisi.
Pak Salamun sigap muter becak e lan langsung melompat ing ndhuwur sadel. Tanpo ngucap opo-opo. Aku mung manut wae arep menyang ngendhi Pak Salamun nggowo becake.Becak dipancal sak kayange nggendring pinuju arah kidul, arah pro liman ngeterake marang tujuanku. ATM Mandiri……………..(Abu Majid )