Biarkan air mata ini mengalir bersama dengan dosa-dosa yang teringat. Lelapkan semua kesemuan dunia yang hanya sementara. Bukalah sedikit matamu untuk melihat dunia yang abadi, telungkupkanlah tanganmu untuk memberi... Berikan senyummu agar orang lain merasakan kabahagiaanmu... mari lukis perasan hati mencintaiNya dengan keimanan dan ketakwaan. Bismillah...

Jumat, 29 April 2011

Piwulang

     Dek semono, kiro-kiro patang taunan kepungkur ning Hotel Equator Bontang, sedulur-sedulur rak wis podho melu training motivasi seko lembaga sing arane KUBIK” tho ? iku lho sedulur, sing  trainere jenenge Pak Jamil Azzaini . Pak Jamil ki jan uapiiiik tenan, Lucu tur (ora) wagu. Pak Jamil wektu iku mulang bab being the best (dadi sing paling apik). Ojo dadi wong semenjono. Salah sawijining materi sing menarik ,sing aku isih kelingan tekan seprene yaiku bab cangkriman sing ditako’ake Pak Jamil marang audiens, game-game liyane yo akeh sing menarik, koyo to rebutan bal abang, bal ijo, lan bal kuning, ugo bal biru ( sing nanda’ake wong serakah opo ora, iso kerja sama karo konco opo ora ).
   Mbalik nang cangkriman mau sedulur, kepomo awake dewe wis tau krungu lan wis ngerti jawaban cangkriman sing jarene dikarang dening sawijining konsultan internasional. Nalika iku cangkriman’e ditakoake dening Pak Jamil – ketok’e yo sipiil, sipilitik utowo sepele -- iso di bedhek karo peserta pelatihan. Sing dedishikan pada njawab enthuk hadiah buku karangane si trainer.
Ono filosofi mranani ning njerone isi cangkriman, yaiku ka utaman mikir kanti sederhana. Resep supaya iso njawab cangkriman, yaiku pikiran sing sederhana. Ugo ono piwulang liyane, yaiku sesambungan antarane cangkriman siji lan sijine, mratela’ake anane sesambungan antara masalah siji lan masalah liyane kang diadepi manungsa ing jagat .
Jarene naliko cangkriman ditakokke marang bocah-bocah cilik, sebagian cangkriman iso di jawab. Sebab e cah cilik pikirane isih sederhana banget, durung tau krungu informasi sing aneh-aneh sing marak’ake pikirane rumit.

    Opo tho isining cangkriman iku?.

Cangkriman kaping siji

Piye carane nglebokke jerapah ning kulkas?

Jawaban:
Dibukak lawange, dilebokke jerapahe, banjur lawange ditutup meneh. (persis ngajari bocah TK nyimpen jeruk utowo apel  ning njero kulkas ya ?..he..he..)
Cangkriman kaping pindo
Piye carane nglebokke gajah ning njero kulkas?
Jawaban:
Dibukak lawange, dithok ke jerapahe, dilebok ke gajahe, trus ditutup meneh lawange. (Ojo lali jerapahe dithokke ndisik, ndak suk-suk-an ning jero kulkas, terus malah pada gelut, podho sruduk-srudukan)

Cangkriman kaping telu .
Macan si rajaning alas ngana’ake konferensi kanggo kabeh kewan sing manggoni alas gung liwang liwung.Kabeh wis ngumpul, mung siji kewan sing ora teko. Kewan apa sing ora teka iku?
Jawaban:
Mesthine wae si gajah, amarga isih ndekem ning njero kulkas. ( jebul cangkriman iki isih ana hubungane karo cangkriman-2 )
Cangkriman kaping papat
Lha ..saiki..Piye carane nyabrang kali sing dianggo omah dening boyo cacahe akeh benget?
Jawaban:
Ya garek nglangi, wong bayane lagi pada lungo kabeh melu konferensi (He..he..he.. isih ono sesambungane karo cangkriman sakdurunge).
Salah sawijining peserta ono sing protes babagan cangkriman nomer siji lan nomer loro. “ Pak Saya tidak setuju dengan jawaban Pak Jamil, memang kulkasnya sebesar apa kok gajahnya bisa masuk..??” Pak Jamil mesam-mesem karo njawab enteng “ Bapak yang ganteng…saya Cuma nanya cara memasukkan  bukan menanyakan apakah Gajah bisa masuk kulkas atau tidak” jarene karo di tepuk’i tangan marang kabeh peserta.

Sedulur… Masalah-masalah sing mbendina awake dewe alami mbokmenowo pancen podo saling berhubungan. Utamane menowo masalah iku kerep awake dewe alami, ning leh podho  mikir sederhana wae, ojo abot-abot mundak dadi stress.

Maturnuwun......