Biarkan air mata ini mengalir bersama dengan dosa-dosa yang teringat. Lelapkan semua kesemuan dunia yang hanya sementara. Bukalah sedikit matamu untuk melihat dunia yang abadi, telungkupkanlah tanganmu untuk memberi... Berikan senyummu agar orang lain merasakan kabahagiaanmu... mari lukis perasan hati mencintaiNya dengan keimanan dan ketakwaan. Bismillah...

Kamis, 18 Agustus 2011

Pitulas Romadhon lan Pitulas Agustus

Dening : Abu Majid
       
       Hariman njenggirat kaget naliko mirsani jam tangane. Jam 05;02 wita.”Waduuhh kawanen...karipan ki, wis imsak....” bathine karo nggrundel.Hariman atine dadi nglokro, dhewek’e banjur arep neruske turune.
“Mas, masak nasi yo mas, wingi sore durung sempat masak” Vera, garwone Hariman nyuoro karo mbenakke selimut .Hariman nuli mangsuli “ Dik, sampeyan ki nglindur. Iki wis jam limo, wis imsak..”.Lho kok wis imsak tho Mas..." Vera melu kaget, dhewek'e tangi banjur nyawang jam sing tememplek ing tembok. " Isih jam loro ki lho..kok Imsyak piye tho..?” wangsulane Vera. Hariman lungguh karo ngucek-ucek motone sing isih kroso abot. Jam tangane di wolak-walik. We lha dalah, jebul Hariman mau salah ndelokke jam, jebul isih jam 02;06 Wita. Hariman gage-gage mudhun seko kasur, karo mlaku metu kamar hariman lambene komat-kamit ndedongo sak kecekele, untung bener “Alhamdulillahiladzi ahyaana ba’dama amaa tana wa illaihinnusyur…”.

Sakjane jam loro iku isih esuk banget, nanging ketimbang neruske turu Hariman kuatir yen malah kebablasen tenanan, ora sido saur malah cotho. Koyo dino-dino biasane, yen sore ora sempat masak nasi mulo esuk-esuk kesibukane Hariman diwiwiti seko masak nasi sakperlu anggo sahur. Sakwise “mejik kom” di “on” ke, Hariman banjur nyetel “tivi” sing ono persis ing ngarep meja makan.Wis  milih chanel sing cocok hariman langsung ngringkesi piring-piring lan gelas kotor nuli digowo menyang dapur.

Kiro-kiro patangpuluh limo menit, ing mejo makan iku wus katon cumepak dhaharan kanggo saur. Yo mung sederhana, nasi putih sing isih katon kemebul, sayur kacang wingi sore, telur dadar lan iwak banyu. Ing pojok mejo ono gelas kang isi teh panas mongah-mongah. “Wis lengkap” bathine Hariman karo neliti opo kiro-kiro ono sing kelewatan.

Ora let suwe Hariman terus mlebu kamar sak perlu nggugah vera lan Rasya , anakke lanang sing wis telung tahunan iki melu poso. Malah wiwit tahun wingi bocah pitung tahunan iku wis poso nutuk sedino plong.” Dik wis jam papat, arep saur opo ora..” kandhane hariman marang vera.” Mas aku ora saur, mengko yen wis nyepak’I Imsak wae aku digugah, arep minum ” wangsulane Vera tanpo mbukak matane.Pancen Vera jarang sahur yen poso, malah senajan vera sregep poso senin-kemis, nanging cukup niat thok, tanpo maem saur.

Hariman banjur ganti nggugah Rasya. Bocah iku isih katon ngantuk banget, motone durung melek temenan. Hariman banjur mbopong Rasya terus nimbali supoyo cuci muka.
*******

    Jam 04;45 wita, suoro sirine tondo Imsak lamat-lamat kabur kegowo angin esuk sing sembribit, rasane adem banget koyo-koyo arep udan deres. Hariman,Vera lan Rasya wus rampungan anggone dhahar saur.

Hariman enggal-enggal nuju kamar mandi sakperlu reresik lan wudlhu. Rasya wis sauntoro menyang mesjid numpak pit  ireng duwek’e. ora let suwe Hariman ugo wus katon nyetarter motore.Motor Honda kuwi dipanasi mesine sedhelo. Mbuh opo filosofine, sing jelas Hariman ngerti yen arep lelungan  motor kudu dipanasi mesine supoyo awet lan suarane tetep kepenak dirungo'ake kuping.

Koyo biasane sholat subuh ing masjid Fathul khoir isih tetep kebak jama’ah, najan ora sasi poso jama’ah masjid Fathul khoir yo pancen akeh banget. Hariman iso niteni sopo wae jama’ah sing biasa sholat subuh lan sopo sing mung menyang mesjid naliko sasi poso. Sebab Hariman pancen salah sawijining jama’ah sing kapitung aktif, najan sok milih ing shof paling mburi,nanging Hariman mesti sholat subuh berjama’ah.kejobo yen udan deres utowo tangi karipan amergo kekeselen nyambut gawe.
*******

    Dino iki tanggal 17 Agustus, Hari Kemerdekaan Republik Indonesia. Kaping piro yo ?. Oh yo, yen ora salah kaping sewidak enem. Hariman pancen kepitung "bocah" saiki, dadi ora patio nasionalis. kepomo malah ora apal yen libur nasional. Koyo kedadean sasi wingi. " lho kok besok libur, hari apa ya ?" pitakone Hariman marang konco kantore wektu iku." Besok hari kamis pak Har..memang kenapa ?" jawab koncone tanpo rasa bersalah."Iya..bener besok hari kamis, maksud saya libur nasional memperingati apa ?". Katon Hariman rodho mangkel, sajak rumongso dipermainke.

Mbaleni babagan Tanggal 17 Agustus, wingi ing kantor diumumake supoyo karyawan esuk iki podho melu Upacara. Pancen angel, wong yen wis podho kerjo ki njur rumongso ora perlu ndadak melu upacara barang, "Koyo cah sekolah wae..." jare sauntoro karyawan. malah-malah yen upacara rutin bulanan, jan iso di etung nganggo driji sopo wae sing biasa melu upacara. Ning yo wis..iku urusane dhewe-dhewe. Koyo tho nindakke poso, iku terserah awake dhewe, wong sing ngerti yo mung awake dhewe lan Gusti Alloh.

Upacara pitulasan sing dianake ing halaman kantor pusat berjalan kanthi lancar. Pak Direktur utama selaku Pembina upacara miosake sambutan menteri BUMN, dhowo banget nganti konco-konco peserta upacara podho guneman dhewe-dhewe, sajak ora sabar mirengake pituture Pak Dirut. ( Wah...yen sing ngrungo'ake ora betah, ndahebo sing moco yo...!!).

Kiro-kiro jam wolu luwih sithik upacara wis rampung. Hariman banjur munggah pinuju  kantore. Sauntoro konco-kancane yo podho munggah. Naliko Hariman arep mulih, dumadakan udan gerimis sing soyo suwe soyo deres. Hariman wurung, ora sidho mulih. " sedhelo meneh paling wis terang.." Bathin atine Hariman.

Ndilalah, dienteni sauntoro wektu jebul udane tansoyo deres. Ora ono pilihan Hariman kudu nglicir. Hariman nekat nyetater motore lan ora let suwe dheweke wis ngendring nerobos udan, sandangane keproh. "Sabar...sabar....yo koyo ngene nasib wong durung nduwe mobil.." Jare Hariman ngeyem-yemi atine dhewe.

Salam.