Biarkan air mata ini mengalir bersama dengan dosa-dosa yang teringat. Lelapkan semua kesemuan dunia yang hanya sementara. Bukalah sedikit matamu untuk melihat dunia yang abadi, telungkupkanlah tanganmu untuk memberi... Berikan senyummu agar orang lain merasakan kabahagiaanmu... mari lukis perasan hati mencintaiNya dengan keimanan dan ketakwaan. Bismillah...

Kamis, 24 Februari 2011

Peteng Ndedet.......!!!

          Sopo tho manungso kang ora kepingin uripe mulyo, kecukupan sak kabehe. Sugih rojo brono lan nduwe kanurmatan. Cekak’e uripe sarwo Pas. Anamung yo kudhu eling, bilih Gegadhangan, gegayuhan, lan  kekarepan iku kabeh hamung wujud panyuwune jalma manungsa. Sing nemtuk ake hiyo mung siji. GUSTI ALLOH.
Laa Haula wala Quwwata illa billahil 'aliyyil Adhim. "Ora ono Doyo lan kekuatan mung kejobo soko Allah kang Maha Tinggi lan Maha Agung".(HR Sunanulkubra lilbaihaqiy
10.189)
     Rikala ati ing sajroning ragane manungsa nembe nggrantes, perih utawa nelangsa, lumrah yen luh kang tumetes saka netra kiwa apa dene tengen, kasuntak byah bebasan megung ing bumi. Kosok baline kolomangsane pinaringan rejeki utawa kabungahan kang mbanyu mili, wus jamake girang gumuyune para manungsa sinandhing ana ing kahanan alam donya iki.
Hamung wewayangan bebasane, manungsa tinitah lumaku lan jumangkah amarga ana kang nggarisake.Ono dhalange. Jiwa ragane manungso kagiring uga kaobahake dening kang hakaryo jagat. Dhokter umpamane kang kawentar pinunjul ngrukti lan mbagasake lelara, tangeh lamun nguripake jalma kang wus tilar donya. Opo maneh mung Dhukun, kang ora biso dinalar penggaweane.

Sedherek…iku mau jlentrehan wiwitaning aturku. Dudu keminter, mung kanggo pangemut babagan kasunyatan anane Pangeran kang nguwasani jagad saisine, yaiku Allah SWT. Pancen bener, yen mung kondho iku gampang, haning sing nglakoni ki banget abot e.Koyo unen-unen sing di aturke poro simbah umpamane " Gedhang nguwoh pakel " utowo "Ono Gadjah di Blangkoni"  kang podho artine yoiku ‘Bicara itu Mudah tapi sulit menjalaninya.’.

Ing ngisor iki aku bakal nyritak ke salah sawijining konco sing rikolo tahun 2000-an dadi sak depertemen karo aku ( mugo-mugo piyambak’e ora duko yen aku crito babagan iki….babar blas ora ono maksud ngawon ake opo maneh ngumbar rahasia, mung kanggo sawijining contho geguritane urip)

     Anggone  bebrayan Mas T lan Mbak T wus nora kena kawastanan saumur jagung, amarga wus pat belas taun. Ing semono taun, tangising jabang bayi rina klawan wengi tansah kaimpi-impi ka antu-antu, mbesuk kapan bisa mecah sepining ati sakloron, Mas T lan Mbak T sisihane. Setaun yen anane dina 365, wus bisa kaetung sepira dawane dina-dina ngetutake lurung-lurunging lelakon anggone urip. Ing semono taun iku, kalamangsane katiban bungah amarga katone bisa reruntungan ngalor ngidul memantenan, amarga durung digondheli buntut. Ananging kang nora kena kapaido, mesthine uga nora luput saka rintiping coban lan godha, wiwit saka cilik utawa pacoban entheng nganti wujud prahara bebasan katerak angin lesus.
     Ngenani babagan kahanan uripe Mas T lan Mbak T  kang bisa dak cuplikake, menawa bab pasinaon kaya-kayane Mas T  lan sisihane yo koyo umume wong sing beruntung.Mas T sakwise lulus sekolah banjur langsung ketompo kerjo ing Perusahaan sing kocap kondhang kawentar nganti manca Negara. Najan mulo bukane Mas T mung operator,anamung seko kepinterane, mas T kitung cepet banget karire. Apa maneh Mbak T sisihane luwih komplet, anggone klumpuk-klumpuk kulakan titel, lulus SMA banjur neruske ing sekolah kesehatan lan pirang-pirang pengalaman pelatihan sing wus di eloni . Dheweke uga kena sinebut pinter, pethel uga trengginas anggone tumandang samubarange tansah cukat.Mbok menowo pancen mengabdi ning kesehatan dituntut riket yo, soale nyowo sing dadi taruhane.
  Minongko ngenani dedeg piyadeg, nora amarga mbiji luwih marang konco, nanging ya rada mrina yen diwastani ala. Lha wong Mas T kuwi gedhe duwur tur ngganteng, kulite yo ketung resik, semono ugo Mbak T, wis pokok’e serasi banget lah.
 Kinanthi sangu pasinaon kang cukup, lumrahe nora kabingungan menawa ngadhepi urip. Saklorone kerjo kabeh, nompo gaji kabeh, opo maneh sing kurang. Ananging kasunyatane urip mono dudu ilmu matematika, yen loro tambah loro gunggunge mesthi papat. Urip sawijining ilmu kang nora bakal kena kaduga, nora kena kajlentrehake, nora kena katebak babagan pungkasane crita. Crita kang kawiwitan bungah, ing madya isih pinaringan bungah, ing pungkasan bisa wae kadunungan nelangsa.
Bali maneh ngenani aturku, 14 taun koyo-koyo wis wareg anggone Mas T lan Mbak T kesondhang-kesandhung, niba-nangi nglakoni critaning urip, dumadakan nora kanyana-nyana bebasan ketiban ndaru, Mbak T katiti dening dhokter positif ngandhut. Byuh… mbuncah anggone Mas T lan Mbak T nampa bebungah, byuh… makcles garinging telak katetes banyu saclegukan,sak umpamane. byuh… mongkog, bombong lan sapiturute tembung kang nuduhake kabungahan ati sakloron. ”Mbak, ini khan anak pertama, untuk menghindari hal-hal yang tidak diinginkan, harus istirahat total ya, bed rest…!” ngendikane dhokter, banget anggone wanti-wanti.
”Ya dokter, kami pasti akan patuhi anjuran dokter…” rebutan anggone Mas T lan Mbak T sumaur.
Bakal jabang bayi iku kaya dene emas gedhe kang sumimpen ing padharane Mbak T. Emas gedhe kang kudu jinaga ngati-ati ing wiwit byar padhang nganti tumekaning ngeremake netra.
Saben menit Mbak T ngelus-elus padharane, sinambi ndremimil kayadene lagi ngejak rerembugan karo bakal anake, ”Dhik, aja nakal ya, kok mancal-mancal ta…? Apa selak kepingin ketemu karo Papa-Mama…?”
Sesasi, rong sasi nganti nem sasi, dhokter ndhawuhi bed rest, di estokake marang Mbak T… manut. Pokoke manut lan manut. Mas T kang kudu leladi. Tangi kudu nangekake, mlaku kudu alon-alon anggone jumangkah kapapah. Cekake samubarang kudu diati-ati, banget anggone ngati-ati, kabeh kaluwarga ngesokake sih katresnan.
Ngancik sasi pitu, netepi adat Jawa, dileksanani tasyakuran mitoni. Tansaya tambah cedhak pangantu-antuning pepinginan momong anak bakal kelakon.
”Mas, yen wus titi wancine diparengake dening dhokter, aku njaluk operasi caesar wae ya, amarga ngelingi umurku sing ora enom maneh. Dhoktere sing wis sepuh, sing pengalamane wis akeh ya Mas…,” panjaluke Mbak T marang Mas T.
”Iya, wis mantebmu dhokter sing endi aku manut,” cekake sarwa iya, sarwa manut.
Ngancik umur wolu anggone Mbak T nggarbini, tansaya sumringah Mas T nglakoni dina-dina. Apa maneh calon eyang-eyange, ya eyang saka Mas T uga saka Mbak T wus padha katon bungahe, anggone ngantu-antu jumedhule bakal wayahe.
Naliko nyuwun pirsa marang dhokter, yen pengin nglairake normal tanggale udakara tanggal semene nganti semene. Ananging gandheng Mas T sakloron nduwe panjaluk bakal operasi caesar, dhokter mertikelake bisa kaleksanan milih kawiwitan tanggal semene. Mathuk, operasi katentokake ing tanggal sing wus di temtok ake. Mula wiwit mlebu sasi kewolu, tambah kerep anggone konsultasi lan priksa menyang dokter. Rong minggu sepisan sanja priksa dhokter.
Pertengahan sasi kewolu kadhawuhan priksa. Asile priksan dening dhokter samubarange katiti becik, normal, bobote bayine ing sajroning kandhungan wis kena diarani cukup, normal.
”Tanggal 20 priksa lagi ya, cek darah dan jantung,” dhoktere ngendika.
”Ya dokter,” Mas T lan Mbak T semaur bareng.
Tanggal 20, Mas T tangi esuk-esuk umun-umun udakara jam papatan. Jam lima Mas T nggugah sisihane saperlu kareben cepak-cepak. Rada sauntara anggone siap-siap, jam pitu sida budhal menyang ndhokteran. Jam setengah wolu tumeka ing ndhokteran, banjur ndaptarake cek laborat karo cek jantung. Asile kabeh normal apik nora nana kang kudu di was sumelangi. Sawise perabot lapuran cek darah karo jantung rampung, Mas T sakloron leren leyeh-leyeh nyranti rawuhe dhokter kandungan.
Nyantri sauntara, udakara jam 10 dhoktere rawuh, tekan wanci gilirane Mas T tinimbalan mlebu kamar priksan.
”Selamat pagi dokter…” Mas T sakloron aruh-aruh dhoktere.
”Pagi silakan… besok pagi jadi operasi ya? Jam berapa… 11 bisa?”
”Terserah dokter saja, silakan jam berapa dokter…”
”Ini darah bagus, tidak perlu ditransfusi, jantung juga bagus… ayo kita lihat di USG,” dhoktere ndhawuhi Mbak T rebahan saperlu niti pirsa kahanan kandhungane.
Padharane Mbak T wiwit diolesi krim nganti roto, sawise rata banjur ditutul-tutul nganggo alate.
Dumadakan raine dhokter katon pucet, getihe kaya mandheg.
”Lho kok tidak ada denyut jantung…” Dheg, mak jenggirat Mas T njumbul. Kringet adhem wiwit tumetes.
Dhoktere katon tansaya tambah bingung, lan pungkasane, ”Pak T….ini tidak ada gerakan….sepertinya bayinya meninggal…!”
Jgglaaaarrrr…. Koyo kesamber petir. Mak lap, dumadakan peteng, peteng langite, peteng panyawangane  Mas T, kabeh peteng, peteng ndhedhet… lelimengan………….
Aku ketemu Mas T jam rolasan ning rumah sakit, kathon luh isih netes siji-siji ning pipine.” Di entheni pat belas tahun dik, jebul pungkasane koyo ngene..” ature Mas T kanthi lirih.Aku mung meneng wae, ora sanggup ngiro-iro koyo opo perasaan sing mbuncah ing dodone Mas T.
                                             ***********

Sedherek…koyo ing tulisan-tulisanku kepungkur, Skenario Gusti Alloh iku banget endahe, opo wae sing kedadean marang awake dhewe….nadjan iku abot,nadjan iku pahit lan nglara’ake ati, keporo gawe sengsoro..Lakonono kanthi tabah,kanthi iklhas,..tetepo sumringah,jalaran  Sang Sutradara Hidup lagi nglewatke awake dhewe ing dhalan sing paling apik kanggo awake dhewe..
Kabeh bakalan dadi endah ing wayahe..
,
    Seko Suhaib r.a., Kanjeng Nabi bersabda, “ Banget nakjubke perkarane wong-wong kang Iman iku,asebab kabeh urusane yo mung apik kanggo dhewek’e. Lan sing mengkono iku ora ono ing mahluk liyan, kejobo yo mung wong-wong kang mukmin: Yo iku, naliko enthuk bebungah dhewek’e syukur Naliko ketiban musibah dhewek’e sabar.Amergo dhewek’e mangerti yen kabeh kuwi wis dadi ketentuan saking ngarso Gusti Alloh, lan kabehanne kuwi wis sing paling apik sing dipilih ake dening Gusti Alloh kanggo dhewek’e” (HR. Muslim).


Lan Alloh nuli berfirman ;

يَـٰٓأَيُّهَا ٱلَّذِينَ ءَامَنُواْ ٱسۡتَعِينُواْ بِٱلصَّبۡرِ وَٱلصَّلَوٰةِ‌ۚ إِنَّ ٱللَّهَ مَعَ ٱلصَّـٰبِرِينَ
"Hai wong kang podho Iman, nyuwunno pitulung marang Gusti Alloh, kanthi sabar lan ( nindakke) sholat, saktemene  Allah iku bareng wong-wong kang  sabar". (Al-Baqoroh :153)

Special buat Mas T,semoga senantiasa sabar.  sekali lagi mohon maaf ya, Hidup memang tidak bisa diduga.hari ini kita menangis besok kita tertawa. Sebaliknya, hari ini kita bahagia besok bisa jadi kita sedikit bersedih. Semua tidak ada yang abadi………Percayalah, Alloh telah memilihkan hal terbaik buat kita……………………….LA TAHZAN ( SRT)