Biarkan air mata ini mengalir bersama dengan dosa-dosa yang teringat. Lelapkan semua kesemuan dunia yang hanya sementara. Bukalah sedikit matamu untuk melihat dunia yang abadi, telungkupkanlah tanganmu untuk memberi... Berikan senyummu agar orang lain merasakan kabahagiaanmu... mari lukis perasan hati mencintaiNya dengan keimanan dan ketakwaan. Bismillah...

Rabu, 09 Februari 2011

Prio Gagah Dhuwur Kang Nyolowadi...!!

        Acmad, bocah umur sepuluh tahunan putrane Bapak Hariman, sing daleme ing komplek BSD iku kapitung bocah sing pinter. Konco-koncone yo podho seneng kekancan karo dhewek’e .Anamung senajan pinter, Achmad yo mung bocah biasa ,umume bocah-bocah sak umurane, Achmad yo ngglidik banget yen wis ketemu konco-kancane. Mesthi wae yen wis ngumpul, yen ora pit-pitan muteri komplek yo podho jumpalitan niru ake iklane Brandon IMB.
   Wis udakara telung dina iki, achmad mulihe sekolah tansah telat terus. Sing biasane jam setengah loro awan dheweke wis tekan omah, telung dina iki mulihe mesthi nyedhaki wayah magrib. Mesthi wae Pak Hariman lan Bu Hariman, wong tuwane Achmad dadi mikir, sakjane lunga menyang ngendi bocah kuwi. Yen nilik sipat lan solah bawane, sakjane Achmad kuwi bocah sing meneng ora seneng neka-neka. Dheweke uga manut marang wong tuwa lan tememen sekolahe. Nanging kena ngapa dumadakan dheweke kerep mulih telat lan yen ditakoni koyo endho, mangsuli sak kecap rong kecap njur langsung nggeblas mlebu kamare.

“Coba Sam, tulung tlisiken menyang ngendi parane Achmad yen mulih sekolah,” panjaluk’e Pak Hariman marang Samsul, Adhi ipare sing uga gumun karo tingkahe Achmad.
“Nggih, Mas, mangke yen wangsul sekolah ajeng kula buntuti dhateng pundi lungane Achmad,” wangsulane Samsul.
Nalika mulih sekolah, koyo biasane, Achmad mesthi lungguh ono ing trotoar ngisor wit ringin njaban pekarangan sekolah SD 2,  karo thingak thinguk koyo ono sing ditunggu.Sedhelo-sedhelo ngadek, sedhelo-sedhelo lungguh. Wondene Samsul sing wiwit mau wis ngenteni ning pos satpam sakperlu  arep nlisik Achmad, ndelengi soko kadohan tingkah polah ponakane iku.. Dumadakan ora let suwe ono mobil sedan werna biru sing mandheg ing ngarepe Achmad. Soko njero mobil mau metu pawongan sing nganggo klambi ireng, clono jeans, topi pet, nganggo koca moto ireng lan rodho brewoken. Perawakane gagah dhuwur. Tampange persis koyo penjahat ona ing film-film detektif kae.
Samsul  kaget, atine deg-degan, dene ponakane sing menengan lan isih cilik kuwi  kok duwe pasrawungan karo wong sing rupane serem mau. “Sopo yo, ojo-ojo penjahat, penculik utowo bandar Narkoba,” pandakwane Samsul sing ora-ora.
  Sakwise guneman sedhela, Achmad karo Wong Gagah dhuwur nyalawadi mau mlebu mobil lan langsung lungo embuh menyang ngendi. Samsul sing didhawuhi supoyo dadi “detektif swasta” dening Kang Mas’e ugo enggal nge-gas motore ngetutke mobil sedan biru sing ditumpaki Achmad karo wong gagah brewok mau.
Sakwise nempuh perjalanan rodo suwe mobil sedan biru mau mandheg ono ing omah tuwo ing sekitar Berbas pantai, Achmad lan wong brewok iku mau mlebu omah lan embuh opo maneh sing ditindake ora ono sing ngerti. Samsul mung nyawang seko kadohan kanthi roso kuatir sing gedhe, dhewek’e ora iso opo-opo. Samsul ora wani bertindak dhewe, dhewek’e mikir keselametane Achmad, mulo sakwise nyathet alamat omah tuo mau, Samsul  enggal–enggal mancal motore, ngebut nuju omahe Pak Hariman, Kang Mas’e.
Sakwise tekan ngomah, Samsul paring pelapuran marang Kang Mas’e.
“Dadi iki alamate wong Gagah dhuwur kang nyala-wadi kuwi ya, Sam?”pitakone Pak Hariman naliko nompo kertas catetan alamat omah tuwo mau.
“Leres, Mas, mboten klentu anggen kula nyathet, Nyuwun pangapunten kulo mboten langsung nggrebek tiyang niku, soale kulo kuatir kaselametane Achmad” wangsulane Samsul .
“ Yo wis ora opo-opo Sam, tindakanmu wis bener. Kiro-kiro pandakwamu opo, Sam, marang wong Lanang kang nyalawadi mau ?” pitakone Bu Hariman melu nimpali, Bu Hariman wus kathon bingung banget.Wiwit mau pitakone marang kakunge mung ‘njur piya-njur piye’, ora ono liyane.
“Kadose kok awon tho Mbak, mbok menawi…Penculik… nopo  Bandar Narkoba ngoten lho, wah bahaya yen niki leres,” wangsulane Samsul, nambahi bingunge Bu Hariman.
“Wah yen nganti Achmad dadi korban Narkoba, ciloko tenan, opo tindakane dhewe, Pak?” pitakone Bu Hariman mrebes mili .
“ Yo wis Bu, lan kowe Sam. Dino iki dienteni wae, Insya Alloh Achmad tetep mulih kanthi selamet. Sesuk aku arep nggowo polisi lan kancanono, Sam, bubar sekolah pawongan mau arep tak grebeg,” Wangsulane Pak Hariman.

    Awan kuwi sakwise bubaran sekolah, Pak Hariman, Samsul lan polisi kancane Pak Hariman ngetutke lakune mobil sedan biru sing ditumpaki wong brewok lan Achmad . Koyo wingi-wingine sakwise teko ing omah tuwo , sedan biru iku banjur  mandheg.Wong Lanang Gagah Brewoken lan Achmad banjur mlebu ing omah tuwo mau. Wong loro kuwi babar blas ora nyadari yen nembe dibuntuti.

“Sak iki titi wancine nggrebeg wong brewok mau, ayo langsung mlebu wae,” celatune Pak polisi karo ndudut pistule. Kanthi ngendap-endap Pak Polisi kuwi nyedhaki pintu sing kathon ora dikunci. Pak Hariman lan Samsul mbuntuti ing mburi.
“Angkat tangan, ayo angkat tangan,” getakke Pak polisi sing njalari Achmad lan wong lanang brewok mau kaget lan trataban.


“Lho kok Bapak, Om Samsul lan Pak Polisi dugi mriki, kersane nopo, Pak?” pitakone Achmad karo gugup.Dhewek’e ndelik ono ing mburine wong lanang brewok iku.
“Bapak sing kudu takon marang kowe, kowe ngopo neng kene Le, lan wong brewok kuwi sopa?” Pak Hariman ganti takon marang Achmad.
“Ooo.. niki Om Ganda, Pak wartawan lan penulis, kula nembe sinau jurnalistik kalian Om Ganda niki, pendhak dinten kula diajari carane motret lan nulis artikel, Om Ganda punika sampun kondhang, lho Pak, rubrik’e ten Koran lan majalah kathah sing maos, karya cerpen’e sampun kathah, nopo maleh artikel pun mboten ketung” wangsulane Achmad njlantrah.
“Leres, Pak, Acmad punika nate ndherek seminar kula bab jurnalistik, piyambak’e crios menawi ten sekolahan tumut Exkul jurnalistik, lajeng pingin sinau engkang tememen bab jurnalistik lan karangmengarang,” sambunge Om Ganda.
”Gene o ndadak ijenan lan nyolong wektu bubar sekolah?”pitakone Pak Hariman maneh.
“Yen motret lan ngarang punika kedah konsentrasi mboten saged rame-rame, Pak. Lha yen dalu kulo sinau pelajaran, kulo saget’e nggih bubar sekolah,” wangsulane Achmad.
“Bapak seneng le, nanging kowe ugo ono lupute ora pamit wong tuwo, dadi marai wong sak omah lan kanca-kacamu duwe pandakwo sing ora-ora,” ngendikane Pak Hariman unjal napas lego.
“Menawi mekaten kula nyuwun pangapunten, Pak, benjang kula badhe pamitan Bapak lan Ibu, nanging panggenan niki kedah tetep rahasia, menawi mboten mangke rencang-rencang sami dolan mriki, kula mboten sido belajar.”
Ing wusono Pak Hariman njaluk ngapuro marang Om Ganda amargo wis nduwe pandakwa sing ora-ora. Pak Hariman ngediko yen nyengkuyung kekarepane Achmad lan maturnuwun banget dening jasane Om Ganda, Pak Hariman , Om Samsul lan Pak Polisi enggal-enggal pamitan, amergo ono tugas-tugas liyo sing kudhu ditindakke. Om Ganda dadi mongkog atine, dene Achmad uga lego amargo wis entuk restu soko Bapak’e.Yo iku Pak Suratman…ehh salah..Pak Hariman…he…he……………….(SRT)



Sedherek..tulisan meniko sekedar cerito sing mung ngawur….
Mung kepingin nguri-uri budoyo bahasa jawa, sing jebul wis mulai punah.

Nyuwun pangapunten menawi kathah ingkang “salah”, sebab senadjan kulo asli Jogja nanging wiwit cilik sampun oncat saking jogja....HARAP MAKLUM...!!!