Biarkan air mata ini mengalir bersama dengan dosa-dosa yang teringat. Lelapkan semua kesemuan dunia yang hanya sementara. Bukalah sedikit matamu untuk melihat dunia yang abadi, telungkupkanlah tanganmu untuk memberi... Berikan senyummu agar orang lain merasakan kabahagiaanmu... mari lukis perasan hati mencintaiNya dengan keimanan dan ketakwaan. Bismillah...

Minggu, 07 November 2010

Andong Lan Laler Cilik

Cerito iki asline seko cerito dongeng bocah-bocah sing ndak edit sithik. Sedulurku ..Kolo Wingi wis melu seminar “ KODE ETIK PERUSAHAAN “ tho ??. Yookk podho di woco crito ning ngisor iki, njur kiro-kiro opo ono hubungane karo Etika sing kudhu sedulur kabeh tindakke minongko nyambut gawe ning Pupuk Kaltim.

Ceritone ngene ……

Jaman mbiyen, dek jaman ora enak ono andong nggowo momotan jambu kluthuk lagi mlaku seko Selarong arep menyang Pasar Bantul. Jaman iku dalane isih gronjal-gronjal digawe saka watukali, durung ana aspal. Nalika andong lagi liwat dalan sing kebak wedi, ono laler cilik mebur-mebur..nguungg..ngguuuunngg, njur mencok ning nduwure andong,..cleepp. Bareng karo mencoke laler, lakune andong dumadaan dadi rindik. Lho kok….?? Sak jane yo Ora amargo kabotan laler, nanging amargo rodane keplater dening wedi sing mbleder ning ndalan.

Nanging rindike andong tumrap laler dianggep amargo kapencokan dewek’e.
“Wah andong iki dadi mlakune alon-alon, mesti mergo jarane kabotan awakku” pikire si laler kanthi ati bungah rumangsa paling abot sak donya.
“Sopo sing iso nandingi abote awakku,ha..ha, ora ono kewan liyo sing luwih abot timbang aku!”.

Sakwise sakwetoro mencok ning andong, laler banjur jeleh, terus mabur meneh. Nalika Laler mabur, andonge pas liwat dalan sing ora ana wedine. Dadi lakune andong malik cepet maneh. Nyawang kahanan kuwi Si Laler kang gegeden rumongso tambah yakin menawa deweke abot tenan. “Weladalah, tak tinggal mebur sedilit wae, andonge langsung biso mlaku banter. Wah, nek ngono aku iki abot temenan ya!” celatune si laler karo nepuk dodo.

Laler pikirane dadi ndladrah, dhewek’e banjur mikir, menowo dewek’e mencok ning andong karo ngobahke sewiwine mestine si andong bakal mlaku luwih banter amergo kesurung dening obahe sewiwi. Laler trus nyoba mencok maneh ning andong karo ngobahke sewiwi. Dumadakan andong malik mlayu banter banget, ngedap-edapi. Laler kaget banget ngantek awak’e kontal saka andong. Untunge deweke iso mabur sakdurunge tiba ning lemah.

Sejatine andong mau iso mlayu banter banget amergo dalane ndronjong, Dadi lumrah menowo mlakune luwih banter wong diewangi gravitasi bumi. Nanging kedadian iku agawe Laler dadi tambah ge-er. Dhewek’e terus mebur sak kayange nguyak andong karo mbengok-mbengok marang jarane andong.. ‘Sorry, sorry Kang Jaran, aku salah ngukur kekuatanku. Anggonku ngobahke sewiwi sajak’e kebanteren yo?, dadi andongmu mlakune banter banget. Sorry yo, sesuk nek liwat kene maneh anggonku ngobahke sewiwi tak rindik wae”. celatune Laler kanthi ati mongkok .

Hikmah :

Sedulur kabeh…Dadi menungso ojo gegeden rumongso, ojo keminter. Ning nduwur langit isih ono langit, mulo yen nduwe kamulyan sithik nduwe kepinteran sithik ojo njur lali. Opo-opo “ Aku”.Yen ora “aku” ora !! Yen dudu amergo “Aku”…..

Bener anggepane dhewe durung mesti bener kanggo liyan, becik kanggone dhewe durung mesti becik kanggone wong liyo.

Sopo wae ora bakal kasil dadi pribadi sing anyar, yen isih ngeyel nganggo coro lan pandangan sing lawas (jadul).
Kasebut pribadi anyar yen pandangan lan corone anyar..

Wis yo sedulur…dingapuro yen ono salah, aku mung “wong cilik”, ning aku dudu laler cilik !!


Wassalam,

Tidak ada komentar: